Minggu, 30 Mei 2010

CERITA RAKYAT JAWA..,,,

Cerita Rakyat ; Watu Gajah
(Kudus)
Ki Ageng Kedungsari yaiku wong kang paling dihurmati ing daerah Gebog. Daerah kuwi anane ing Kabupaten Kudus. Dheweke seneng banget amarga duwe anak lanang sing bagus lan gagah prakasa. Nalika anake wis gedhe, Ki Ageng Kedungsari duwe kepenginan ngawinake anake. Ananging anake ora gelem amarga durung ana bocah wadon kang trep ana ing atine. Banjur Ki Ageng Kedungsari njaluk tulung marang sedulure supaya nggolekake prawan sing pantes dadi bojone anake. Let pirang-pirang dina Ki Ageng Kedungsari entuk warta saka sedulure, yen ana prawan saka daerah Jepara sing ayu banget. Dheweke anake Ki Ageng Rajekwesi.
Banjur kulawargane Ki Ageng Kedungsari nyiapake ubarampe maneka warna kanggo digawa menyang Jepara. Ki Ageng Kedungsari atine sansaya bungah banget amarga rumangsa dheweke wong sing paling sugih lan dihurmati wong akeh.
Nalika wis tekan nggone Ki Ageng Rajekwesi, ning kana wis disiapake maneka warna panganan lan omben-omben. Uga ana gamelan lan bocah-bocah wadon kang lagi mbeksa. Sawise njagong ngalor ngidul, banjur utusane Ki Ageng Kedungsari kandha yen Ki Ageng Kedungsari arep nglamar anake wadon Ki Ageng Rajekwesi, kanggo anake lanang Ki Ageng Kedungsari.
Krungu mengkana kuwi, Ki Ageng Rajekwesi mung mlengeh. Banjur ngendika yen anake wadon kuwi mung gelem dilamar karo wong lanang sing menehi mas kawin kang arupa gajah, “Mula kandhakana marang Ki Ageng Kedungsari”.ngendikane Ki Ageng Rajekwesi.
Pangandikane Ki Ageng Rajekwesi katrima kanthi leganing ati marang utusane Ki Ageng Kedungsari. Amarga utusane kelingan yen Ki Ageng Kedungsari duweni gajah. Banjur utusane Ki Ageng Kedungsari bali menyang Kudus.
Nalika wis tekan Kudus, Ki Ageng Kedungsari wis duwe pangangen-angen yen lamarane marang anake Ki Ageng Rajekwesi bakal katrima. Sunyatane malah Ki Ageng Kedungsari kudu menehi gajah kanggo mas kawin, yen kepengin lamarane katrima marang Ki Ageng Rajekwesi. Uga suwe nggone mikir, nanging amarga rasa tresnane marang anake, dheweke nglilakake gajahe kanggo mas kawin.
Banjur warta kuwi kasebar tekan ngendi-endi, yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Warta kuwi uga krungu dening Ki Ageng Menawan. Ananging atine serik krungu warta yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Mula Ki Ageng Menawan ngrancana arep ngrampog utusane Ki Ageng Kedungsari sing arep menyang Jepara. Ki Ageng Menawan uga nggolek bala sing jenenge Ki Watu Gede. Ki Watu Gede uga seneng banget nalika dikandhani rancana kuwi. Mengko yen wis entuk hasil rampogane, Ki Watu Gede entuk kabeh bandha sing dirampog, banjur Ki Ageng Menawan entuk gajahe.
Ora let suwe, utusane Ki Ageng Kedungsari wis ngleboni daerah kuwasane Ki Watu Gede. Utusane Ki Ageng Kedungsari wis wiwit waspada amarga wis ngleboni daerah kuwasane wong liya.
Nalika utusane Ki Ageng Kedungsari lagi padha ngaso Ki Watu Gedhe lan Ki Ageng Menawan ngrampog bandha lan gajahe Ki Ageng Kedungsari. Banjur para utusane Ki Ageng Kedungsari padha tandhing karo Ki Ageng Menawan lan Ki Watu Gede. Tetandhingan kuwi ora ana sing kalah, ora ana sing menang.
Banjur Ki Ageng Kedungsari teka marang panggonan kuwi lan tandhing karo Ki Watu Gede uga Ki Ageng Menawan. Tetandhingan kuwi uga ora ana sing menang, ora ana sing kalah. Pungkasane, entuk pasarujukan kanggo ngedum gajah kuwi dadi telu. Ki Ageng Menawan enthuk endhase, Ki Ageng Kedungsari nggawa awake lan Ki Watu Gede entuk bokong lan buntute.
Saka prastawa kuwi dadine ana kapercayan yen trahe Ki Ageng Menawan yaiku wong-wong sing waninan, trahe Ki Ageng Kedungsari yaiku wong-wong sing akeh rejekine lan trahe Ki Watu Gede yaiku wong-wong sing kangelan nggolek rejeki.
Mula saiki telung perangan gajah kuwi awujud watu-watu gedhe sing bisa katemokake ing Desa Kedungsari lan Desa Menawan ing Kecamatan Gebog, Kabupaten Kudus. Uga ana ing Desa Watu, Kecamatan Mayong, Kabupaten Jepara.
Paragan
Ki Ageng Kedungsari
ki Ageng Rajekwesi
Ki Ageng Menawan
Ki Watu Gede

Watek
1. Ki ageng Kedungsari : Rumangsa dadi wong paling sugih lan dihormati
2. Ki Ageng Rajekwesi : Wicaksana, Sareh
3. Ki Ageng Menawan : Serik, Waningan
4. Ki Watu Gede : Seneng bondha

Piwulang
Kita sedaya mboten pareng rumangsa sampun di hormati, mboten pareng sombong kalian ugi mboten pareng serik kalian tiang ingkang luwih sae timimbang kita. Ugi mboten pareng tetulung amargi bondho utawi imbalan. Ugi ngampangake masalah kanthi rembugan lan adil.

Ringkesan :

WATU GAJAH


Ki Ageng Kedungsari inggih meniko tiyang ingkang di hormati wonten dateng daerah Gebeg, Kudus. Piyambakipun gadhah putra jaler ingkang bagus ugi gagah. Ki Ageng Kedungsari nggadahi kekarepan supadhos putrane enggal. Enggal kromo. Sawataris Ki Ageng Kedungsari miring menawi wonten putri ingkang ayu sanget putranipun Ki Ageng Rajekwesi.

Ki Ageng Kedungsari banjur nyiapaken liba rampe kagem nglamar putri meniko, Naliko sampun wonten ing Jepara Ki Ageng Kedungsari percayos menawi lamaranipun kagem putranipun meniko katampi. Ananing Ki Ageng Rajekwesi ngendikani menawi putrinipun naming purun dilamar kalian mas kawin arupi liman. Amargi Ki Ageng Kedungsari injih nggadahi liman utusanipun di punutus wangsul mendhet gajah. Warta menika kaseban ngantos Ki Ageng Menawan mila pinyambakipun serik kalian Ki Ageng Kedungsari. Piyambakipun nggadhahi rencana badhe ngrampog utusanipun Ki Ageng Kedungsari kanthi nyuwun bala bantuan saking Ki Watu Gedhe. Ki Watu Gedhe ugi purun amargi perjanjianipun hasil rampokannipun mangke kagem Ki Watu Gedhe kejawi limanipun.

Naliko utusane Ki Ageng Kedungsari nembe ngaso Ki watu Gedhe kalian Ki Ageng Menawan ngrampog bandha kaliyan limanipun Ki Ageng Kedungsari. Banjur utusanipun sami tandhing kalian Ki Watu Gedhe ugi Ki Ageng Menawan. Tetandingan meniko mboten wonten ingkang menang ugi ingkang kalah. Pungkasanipun pikantuk pasarujukan kangge ngedum liman meniko dadhos tiga.


Ki Ageng Menawan pikanthuk endhase , Ki Ageng Kedungsari mbeto awak menawi Ki Watu Gedhe pikanthuk bokong kaliyan buntutipun. Mila tigang penangan liman meniko awujud watu – watu gedhe ingkang wonten ing dusun Kedungsari, dusun Menawan kaliyan dusun Watu.

Ugi wonten kepercayaan menawi Ki Ageng Menawan meniko tiang ingkang Mboten jireh, Ki Ageng Kedungsari nggadhahi kathah rejeki. Ki Watu Gedhe meniko tiyang ingkang kasusahan padhos rejeki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar